Lirik Lamunan - Arlida Putri Feat Dike Sabrina



Lirik Lamunan - Arlida Putri Feat Dike Sabrina


Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan

Sumribid angin ratri tansah hangantheni
Setya nrajang telenging ati
Angen angen tumlawung suwung ing wengi sepi
Tansah angranti tekamu duh yayi

Wong bagus age nyedhak o ing sandhingku
Nyawang manising esemu
Gawe lerem e’’ rasaku tentrem ing atiku
Haywa pegat, tresnamu, sayangku

Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan
Tresnoku mring sliramu sayang

Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan

Wong bagus age nyedak, o ngekep ragaku
Sirnakno lara bronto, ing atiku
Amerga kabidhung wewayangmu ing pikirku
Haywa pegat tresnamu dhuh sayangku

Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan

Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan

Yekti sliramu kang dadi lamunan

Posting Komentar untuk "Lirik Lamunan - Arlida Putri Feat Dike Sabrina"